IBX5A830717DA9CC IBX5A830C0991AE4 Godhane Wanito | Timbol media | Tutorial SEO, Download Gratis, Internet Gratis, Bisnis Online
Latest Updates
IBX5A830717DA9CC IBX5A830C0991AE4

Godhane Wanito

wanita penggoda


Ndisek bopo adam dewean ning swargo, kabeh ning sarwo ono sak penjaluke sakocap teko, nanging dewean tanpo bolo lan wanito kwi sekso sak jeroning bahagio. 

Gusti Allah mangerteni opo sik dikarepke wong lanang yo iku sarunge pedang klambine bebrayan, konco urip seneng lan susah bebarengan, Ibu hawa dicipto kanggo ngancani bopo Adam. 

Mung siji pesene gusti ojo mangan buahe kuldi, buah kang iso marai lali karo gustine lali karo sekabihane, nanging ndueni tanpo oleh ngincipi kwi yo pacoba sikso sak jeroning bahagio,mandeng ora ndulit kwi koyo ngising ora ndue silit, ning ojo leno karo barang mengkono, enake sak klenteng rekasane sak rendeng. 

wes gawan soko asale wong lanang kwi di wenehi pacoban wanito, trisnone kadang ngalahke karo sing kuoso sebab wanito bidadari kang nyoto ing alam donyo. 

Wanito : wani nindes togok...
Ora perkoro gede awake utawa kuat otote wanito mimpin prio cukup nganggo trisno lan eluhe moto, donyo bubar gunung jebluk
Segoro ambyar yen wanito wis ndue karep ora keturutan, tugase wong lanang mung dadi jaran.

Prio jare roso awake gede otote kawat balunge besi, ning yen ora di esemi karo wanito sing ditrisnani sedino wae awake lemes nggregesi iso mati, banjur ning endi rosane?. 

Gusti wis melingke ndisek kawit zaman bopo adam tekane wahyu sejati, ojo lali lan leno legine donyo, Yen gusti nimbali iseh podo wani mbadali, ditimbabali wayah isuk isek podo ngantuk, ditimbali awan malah do lungo mangan, di timbali sore jare iseh dowo wayahe, di timbali surup malah nyetel tipi karo udud, di timbali bengi jare tembunge lali. 

Ning yen bojone sing nimbali langsung mbedal marani koyo jaran ilang taline, koyo sapi ucul congoke, yo kwi sik jenengen TOGOK. 

Wanito kwi iso dadi pengayom lan ademe keluargo kanggo ngabekti marang Gusti sing Kuoso, ning yen salah milih iso dadi ratune iblis kang ndandeake keluargo koyo neroko.

Akeh wong iso ora doyan bondo lan kuoso nanging karo godane wanito jarang iso, kwi sejatine godo wong lanang gawane soko swargo... Yen ora ngati-ngati gowo memolo.

Akeh sing bakal nyemplung neroko amergo wanito, akeh ugo sing bablas swargo amergo wanito.

swargane wong lanang iyo wanito semono ugo nerokone yo wanito, Ati-ati ojo salah mlebu lawang setan, ojo salah mangan banyune ketan, donyo iki kebak kanikmatan ning yo luwih akeh sing bakal keseret kesesatan. 

Bojo siji yen di syukuri ora kurang bojo 5 yen nafsune campur setan iseh podo njajan ning dalan, kabeh amergo niat lan imane ora perkoro akeh opo sitik e.

Dadekno wanito omahe katresnan, pagere iman, lan swargane bebrayan mugo2 keluargamu dadi aman berkah lah genah ora lali karo karo GustiAllah kang nyiptaake kanikmatan.

Ditulis Oleh : Unknown ~ timbolmedia

Sobat sedang membaca sebuah artikel yang berjudul Godhane Wanito, Semoga artikel tersebut bermanfaat untuk sobat, Mohon maaf apabila konten yang sobat baca rusak atau salah dalam penulisan. Jika ada pertanyaan, kritik, dan saran yang ingin di sampaikan silahkan tulis di kotak komentar

:: Terima Kasih ! ::

Comments
1 Comments

1 Response to "Godhane Wanito"

Cara Berkomentar untuk yang tidak memiliki blog:

1. Klik select profile --> pilih Name/URL
2. Isi nama kamu dan Kosongkan URL atau isi dengan alamat fb kamu
3. Klik Lanjutkan
4. Ketik komentar kamu,
5. Klik Publish

Info Blog

SEO Reports for timbol-media.blogspot.com

Followers